Kamis, 26 September 2013

ARTIKEL BASA JAWA

ARTIKEL “ JUJUR BAKAL MUJUR “

Dening Kelompok 5 :
1.      Laili Nurfatimah               ( 08 )
2.      Mifta Dian Pratiwi            ( 10 )
3.      Nabila Naimi                     ( 11 )
Kelas : XII IPS 2

A.    Pambuka
Alhamdulillahirobbil ‘amiin, penyusun ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat saha rahmatipun satemah penyusun saged ngrampungaken artikel punika, kanthi boten wonten alangan setunggal punapa.
Moten kesupen punyusun ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Tulus Widarsono, ingkang sampun mbimbing penyusun anggenipun damel artikel punika.
Artikel punika taksih kirang sempurna amargi kirang pangertosipun penyusun. Pramila penyusun nyuwun agunging pangapunten lan penyusun ngajeng – ajeng kritik lan saran saking pemaos. Mugi – mugi artikel punika maedahi kangge penyusun saha para pemaos. Amiin. Matur nuwun.

B.  Pengertosan Istilah

Jujur : Boten ngapusi, apa anane.
Bakal : Mesthi, arep, badhe, calon, dadi.
Mujur : Untung, lurus.
Sumber : Kamus Besar Bahasa Jawa
C. Pangetrapan ing Pasrawungan

1.   Ing Masyarakat
Wonten ing tengahing masyarakat kita kedah jujur ing saben – saben tindakan. Menawi dados bagian saking pemerintahan punika kedah jujur wonten ing penggalanganipun dana. Samenika saged dipuntingali bilih kathah koruptor ing nagari punika. Tindakanipun kalangan atas punika sanget boten sae saha ngrugekaken sedayanipun.



2.       Ing Sekolah
Kita ingkang dados murid punika kedah jujur wonten bab punapa kemawon.  Ananging ing kanyatan punika malah wonten ingkang boten jujur malah mujur. Tuladhanipun nyonto  nalika ulangan nanging pikantuk biji ingkang sae. Ananging ingkang jujur malah pikantuk biji ingkang boten sae. Nah tiyang ingkang jujur punika mesthi bakal mujur wonten ing wekdalipun lan dados kebiasaan sae / pola hidup sae. Kosok wangsulipun tiyang ingkang boten jujur punika menawi boten dipunleresaken tindakanipun saged dados kebiasaan ingkang awon ing tembe wingkingipun. Para koruptor punika kula yakin rumiyin nalika anemipun kagungan kebiasaan awon.
         Ing pangetrapan  sanesipun inggih punika jujur lisanipun. Wonten paribasan, “berkatalah jujur walaupun pahit” Dados, nalika matur dhateng guru, karyawan saha kanca – kanca kita kedah jujur.

3.      Ing Kulawarga
Antawisipun anggota kulawarga punika kedah tumindak jujur. Ananging kangge ngremenaken ibu punika angsal ngapusi. Inggih menika menawi nedha, menawi ibu ngendika, “ Pripun rasane, enak ta? “ kita kedah jawab enak, ampun ngantos jawab boten enak. Amargi dipunkuwatiraken nglarakaken penggalihipun ibu.

D. Pangajeng – ajeng
Mugi – mugi kanthi ulasan wau saged ngrentegaken manah kita sedaya supados tansah tumindak  jujur wiwit perkara alit dumugi ageng ing bab manapa kemawon. Amargi tumindak jujur punika mesthi pikantuk margi ingkang lurus lan dipunridhoi dening Gusti Allah SWT.

E.  Panutup

Mekaten artikel ingkang saged dipunsusun dening penyusun. Mugi-mugi wonten manfaatipun kangge kita. Kirang langkungipun nyuwun agunging pangaksami.